Social Bar

Popunder

Wednesday, March 5, 2025

SABDA PALON KALEYAN SYEKH SUBAKIR. Prithilan Siji (Miturut Caritå Kitab Musarar)

 SABDA PALON KALEYAN SYEKH SUBAKIR.

Prithilan Siji (Miturut Caritå Kitab Musarar) 





Bilung : "Sadurungé agåmå Islam têkå, pulo Jåwå kuwi tansah obah moyag-mayig lan dadi papan panggonané lêlêmbut, dhêmit, jim, sétan, pêriprayangan ..." 


Gareng : "Mêngko dhisik, Lung .. Yèn awakmu muni kåyå ngono sèkêt warså kapungkur, bokmênåwå akèh kang pådhå prêcåyå. Sênajan yêktiné sapèrangan wong Jåwå yå wis wêruh lamun kanyatané ora kåyå mangkånå, nanging nêmbé saiki kawiyak byak kasêbar byar, amêrgå kamajoné tèknologi intêrnèt." 


Petruk : "Mulå tå, mulå ... dadi wong Jåwå åjå lali jawané, åjå nilar kabudayané, åjå nglirwå sujarahé malah nggatèkné sujarah sêgårå wêdi!" 


Bagong : "Kono gèk nggêlarå klåså, cawisnå kopi irêng, pacitan, lan ududé, .. bèn diwêjang rajang nganti wijang, .. karo kang Gareng." 


Bilung : "Dakkirå kowé sing arêp mêdhar, Gooong." 


Bagong : "Aku bagèyan ngrahabi karo ngêgongi waé ..." 


________________________________


Saturut caritå kang kamot ing "Kitab Musarar", Sultan Al Ghabah utåwå Sultan Muhammad I, maréntah ing warså 1413 – 1421 M, minångkå panguwåså nagari Ngêrum, sêbutan kanggo Turki Utsmani, pikantuk pawartå såkå grami (pedagang) Gujarat (India) lamun ing nuså Jåwå ijih arang-arang dipanggoni manungså lan durung ånå kang ngrasuk agåmå Islam. Dicaritakaké lamun nalikå sêmånå nuså Jåwå kuwi papan panggonan kang wingit lan dadi padunungané pårå dhêmit, jim, sétan, pêriprayangan, lan bangsané lêlêmbut liyané. 


Sultan Ngêrum banjur ngutus uwong såkå Arab, Persia, lan Yaman, (malah ånå sing nyêbut ugå såkå Cina) cacahé 4.000 mênyang tanah Jåwå, kajåbå kanggo ngisèni nuså Jåwå ugå nyêbaraké agåmå Islam. Nalikå Sultan Ngêrum pikantuk pawartå lamun 4.000 wong sing dikirim mau pådhå tumpês tapis sirnå musnå dipangan dhêmit, banjur ngutus manèh cacah 2.000 wong. Nanging nalikå wis têkan ing nuså Jåwå sawêtårå wêktu mung kari 200 wong amargå pådhå mati kênå lêlarå, pagêblug, ugå dipangan dhêmit. 


Ing warså 1404 M utåwå 808 H, Sang Sultan banjur andhawuhi sångå ulåmå pinilih amrih têdhak mênyang nuså Jåwå, saprêlu nyirnakaké pårå dhêdhêmit lan nggiyaraké agåmå Islam. Sangang ulåmå kuwi banjur kawêntar sinêbut Wali Sangha utåwå Wali Sångå, amargå lamun ånå kang sèdå utåwå lèngsèr bakal digênti karo ulåmå liyané, satêmah gunggungé têtêp sangang uwong. Sangang ulåmå kawitan kuwi yå iku : 


1. Maulana Malik Ibrahim, såkå Turki ahli tåtå nêgårå, katêlah Sunan Grêsik, sèdå ing warså 1419 M. 


2. Maulana Ishaq, såkå Samarkan (cêdhak Bukhoro, Rusia Selatan), ahli pangusadan. 


3. Maulana Ahmad Jamadil Kubro, såkå Mesir. Sèdå ing warså 1465 M, makamé ånå ing Troloyo, Trowulan, Mojokerto, Jawa Timur.


4. Maulana Muhammad Al-Maghrobi, såkå Maghrib Maroko. Makamé ing Jatinom, Klaten, Jawa Tengah.


5. Maulana Malik Isro’il, såkå Turki, ahli tåtå negara. Sèdå ing warså 1435 M. Makamé ing Gunung Santri, Cilegon, Jawa Barat.


6. Maulana Muhammad Ali Akbar, såkå Persia. Ahli pangusadan, sèdå ing warså 1435 M. Makamé ing Gunung Santri, Cilegon.


7. Maulana Hasanuddin, såkå Palestina. Sèdå ing warså 1462 M. Makamé ing sisihé masjid Banten Lawas.


8. Maulana Aliyudin, såkå Palestina. 


9. Syekh Tambuh Aly bin Syekh Baqir, utåwå Syekh Muhammad Al Baqir, ing tanah Jåwå kasêbut Syekh Subakir, wong Persia såkå propinsi Lorestan. Persia saiki katêlah Iran. 


Syekh Subakir kacaritaké ahli numbali lêmah sangar ugå nduwèni kaluwihan babagan usådå, olah tani, ngupakårå råjåkåyå, rukyah. Sawisé rampung pakaryané ing tanah Jåwå banjur bali mênyang Persia. 

.


Sawisé têkan ing nuså Jåwå pårå ulåmå Wali Sangha kuwi banjur andum gawéyan. Maulana Malik Isro’il, Maulana Muhammad Ali Akbar, Maulana Hasanuddin dan Maulana Aliyuddin, ngayahi jêjibahan ing tlatah Jawa Barat. Wondéné Maulana Malik Ibrahim, Maulana Ishaq, Maulana Ahmad Jamadil Kubro dan Maulana Muhammad Al-Maghrobi ing tlatah Jawa Timur. Samantårå Syekh Subakir nglanglang nuså Jåwå nêdyå numbali papan wingit, ngrukyah alas angkêr. 


Lumakuné Syekh Subakir têkan alas singup gung liwang-liwung ing gunung Tidar kang kawêntar papan gawat kaliwat-liwat, wingit kêpati-pati saantéroné nuså Jåwå, minångkå karatoné pårå dhêdhêmit. 


Mulå katêlah gunung "Tidar" amargå kadadèyan såkå têmbung "mati" lan "modar", minangkå pratandhå jålmå kang mårå bakal pralåyå, sato kang mlêbu bakal layu, pêksi kang mibêr ngungkuli pêsthi ngêmasi. Ing saênggon-ênggon ånå swårå datanpå rupå, ånå wujud cat katon cat musnå, pating cêkikik gumuyuné bocah, lirih ngrêngik sabawané wanitå, lamun adoh kapyarså sorå, cinakêti ilang sanalikå. 


Nuså Jåwå kang nalikå sêmånå tansah obah moyag-mayig mangiwå manêngên banjur dipêndhêmi watu mawi "Rajah Kålåcakrå" ing pucaké rêdi Tidar kang sanalikå agawé horêg prakêmpå nanging lon-lonan nuså Jåwå antêng mênêng ing papané. Rajah Kålåcåkrå andayani håwå panas mbrangas tumrapé pårå lêlêmbut kang manggon ing gunung Tidar, sanalikå mubal sumêbar dhêmit, jim, sétan, pêriprayangan, ilu-ilu, banaspati, jrangkong, pocong, jrambangan, wéwébang, wéwé putih, gêndruwo, mêmêdhi, samyå mlayu nggêndring sipat kuping ngungsi mênyang gunung Mêrapi, gunung Srandil, Alas Roban, ugå Sêgårå Kidul. 


Håwå bêntèré gårå-gårå agawé pangarså bangsané lêlêmbut jumêdhul mawujud satatané manungså, yå iku kang sinêbut Eyang Ismaya Jati, Sabda Palon, Semar Badranaya, Bathårå Ismaya, Jurudyah Punta Prasanta, ugå Dang Hyang Pamomong Tanah Jåwå. 


Sawisé têpang-tinêpangan lan Syekh Subakir ngaturaké åpå kang dadi sêdyané, Sabda Palon nulak kanthi sêngol. Sulayané rêmbug banjur dadi prang tandhing adu ilmu abên kasêktèn sasuwéné patang puluh dinå patang puluh wêngi. Amargå ngrumangsani yèn satimbang ora kadênangan såpå kang luwih unggul, banjur Sabda Palon nari rêrêmbugan lan sanalikå ditåmpå kanthi gambirå dèning Syekh Subakir. 


Pêpunthoné Sabdå Palon nyarujuki sêdyané Syekh Subakir lan nggawé panêtêpan : 

- Ngidini pårå ulåmå dakwah nggiyaraké agåmå Islam ing nuså Jåwå. 

- Kawulå nuså Jåwå ugå dililani ngrasuk agåmå Islam nanging sarånå sukå-lilå ora amargå dipêkså. 

- Pårå Ratu ing nuså Jåwå diastå dèning kang ngrasuk agåmå Islam. 

- Kawulå nuså Jåwå têtêp nguri-uri adat padatan tilarané pårå lêluhur kang salaras karo ajaran Islam. 

- Lamun ånå pambudidåyå mêkså kawulå nuså Jåwå amrih ngrasuk agåmå Islam utåwå tumindak pårå pangarså Islam kang nalisir såkå prajanjèn, limang-atus warså manèh Sabda Palon bakal mangèjawantah mundhut tanah Jåwå sartå ambalékaké kawulå nuså Jåwå marang "Ajaran Budhi". 


Syekh Subakir nyarujuki panêtêpané Sabda Palon, lan banjur mêndhêm tumbaké aran "Kyai Sepanjang" kang dadi sanjåtå prang tandhing lumawan Sabda Palon minångkå sarånå ngrukyah nuså Jåwå. Tumbak kuwi dawané pitung mètèr, têmbung 'pitu' atêgês "pitulungan" minångkå pratandhå pitulungan såkå Syekh Subakir marang nuså Jåwå. 


Sinigêg kang cinaritå, gêntyå ngrajang wijang kanang suråså. 


Cathêtan. 

Wosing sêratan kacariyosakên dèning Råmå Dwijå nalikå sêmantên kaimbuhan pêthilan saking sêratan lan pidiyo ing ratmåyå. 

.. 


Rahayu sagung dumadi. 


Saking upload Facebook : Yoga Hart, Surabaya, Juli 2024. 

https://www.facebook.com/groups/177472633491/permalink/10162994368473492/


0 comments:

Post a Comment