PRABU WATU GUNUNG DUMADINE WUKU TUWIN SUPILA WIPULA
(Pustakaraja purwa yasanipun Pujangga Rangga Warsita)
Kawedharaken dening Sri Harto Jati
Dewi Sinta rumiyin garwa saking prabu Palindriya, kesah saking praja risi kamaru dening ingkang rayi tunggal yayah rena inggih Dewi Basuwati. Dewi Sinta kaliyan ingkang putra Jaka wuduk kesah sapuruk-puruk kalunta-lunta numpal keli. Ngupadhos sandhang tedha sapikantukipun.
Jaka wudhuk dremba sanget nedha sekul. Ing wanci enjing nalika ibu bethak sekul, Jaka Wudhuk tansah anggiyeng nangis anggubel terus nedha enggal disukani sekul, margi sampun luwe sanget , ingkang ibu ngantos ical kasabaranipun , Jaka Wudhuk dipun thuthuk enthong benter sirahipun nganti mlonyoh kaleres sangandhaping unyeng2, dados cacad pethak ageng , Jaka Wudhuk lumajeng kesah sapuruk-puruk boten purun wangsul dhateng ibunipun.
Jaka Wudhuk dipun openi dening Empu Radi (penasehat bumi) ngantos Dewasa tekun tarakbrata satemah antuk nugrahane Hyang Wenang sakti tanpa tandhing, klakon jumeneng Nalendra wonten ing negari Giling Wesi.
Gelise carita Jaka wudhuk inggih Selacala, amengku garwa Dewi Sinta. Nalika sang Dewi Sinta metani Sang Prabu , mangertos bilih kagungan cacad pethak sangisore unyeng2, temahan Sang Dewi sakalakung lingsem lan pakewed. Sebab mangertos sejatine sang prabu punika putranipun pribadi, nanging tansah sinamur ing semu, margi saking pekewed lan ajrih. Wekasan manggih rekadaya , nyuwun bebana murih Sang prabu karsa anggarwa tetunggule Widadari Kayangan.
Menggah gancaranipun makaten :
Prabu Watu Gunung ratu Giling Wesi (Geling Wesi = Sela Wesi ingkang athos mbegudut sakarepe dhewe) putranipun Dewi Sinta Basundari) ingkang rama asma prabu Palindriya.
Prabu Palindriya sejatosipun inggih punika pralambang PAL_INDRIYA ingkang mengku kajeng wates panyawange indriya utawi ANGKASA. Prabu Palindriya kagungan Selir 26, inggih kedugi nurunaken putra saking selir cacah 26 putra ingkang kawastanan WUKU. Wuku kasebat SANGAT utawi wedal swasana ingkang tansah obah owah muter antawisipun rahina wengi ingkang mrebawani kawontenaning kahananing manungsa wonten panggesangan ing bumi. Inggih punika mrebawani wonten ing papan, wedal, mangsa, tsp ( tuwin sapiturutipun) akibatipun wonten ing siang tuwin dalu.
Tiyang Jawi Purba ingkang kedugi yasa pananggalan wiwit 17207tahun saderengipun Masehi nyatet petungan wedal punika sinebut DINA amengku werdi dumadine ana utawi Ari inggih Wahaspati utawi MATAHARI. Wrahaspati/ surya minangka kepala keluwarga , Basundari = bumi tuwin Basu wati = rembulan.
Wonten ing pawukon Landep tuwin Sinta semanten ugi 26 anak saking selir minangka wuku utama. Wuku piyambak ingkang ngartosaken lebet saged kasebat RASA. Wonten tigang perkawis babagan rasa inggih punika rasa jaba inggih punika kulit daging tsp. Kaping kalih rasa njero inggih punika rasane Ati, Rasa utama inggih Rasa Sejati , rasa lebet minangka pangejowantahan ingkang makarti sesarengan kaliyan akal pikiran inggih ingkang makarti solah bawaning manungsa, tartamtu wiwit kalahiraken.
Pikajengipun pawukon ( ASTRONOMI) kagem angreksa sawedhal wanci supados boten nilar kaprayitnan sapolah tingkah tetep ajeg jejeg jumangkah majeng boten mundur sajangkah, tekad PADHANG.
Tekad ingkang boten nilar wanci gumolongipun cipta saking kawruh pawukon tumuli nuwuhaken PRANATA MANGSA. Musim saged dipun ethang saking Ariwari (7) hari tuwin panca wara inggih Pasaran.
Manawi dipun gunggung sungsum saged ketemu 7 x 5 = 35 dina. Umur setunggal weton 35 hari, pranata mangsa wonten 365 hari utawi kasebut tahun Wuntu, tuwin tahun wastu ingkang umuripun 366 hari.
Prabu Watu Gunung nalika alitipun dipun thuthuk Centhong natu belong punika pralambang panas. Amengku werdi bilih sang Prabu lambang Lingga saged ugi srengenge, inglkang ibu lambang Yoni saged ugi bumi.
Sang prabu kagungan prameswari kalih inggih punika Sinta tuwin landhep/Basuwati(rembulan) kang mengku pikajeng Watu Gunung (Radite) inggih lambang Srengenge punika amengku garwa Sinta inggih bumi tuwin Landhep inggih rembulan.
Jroning ngrurah kayangan sedaya Dewa sami kasoring yuda, wonte jalma manungsa aran Resi Satmata(Katon mripat) arsa ngembari kasudipyane Prabu Watu Gunung. Resi Satmata nantang perang cangkriman ngelingi sampun boten jaman perang cakar-cakaran ora boten enten kewan,ora cocok karepe berik kayajangkrik ngant ngemasi. Perange wong wicasana kudu nuwuhake keslametan gawe bebungah kemakmurane sasama, mawi sanepan luwih sekeca tuwin wibawa.
Sang prabu paring pitakonan " WIT ADAKAH WOH ADIKIH, WIT ADIKIH WOH ADAKAH, WIT ADAKAH WOH ADAKAH, WIT ADIKIH WOH ADIKIH ". Wangsulane Resi Satmata bilih sajroning gesang wonten ngalam donya ampun nilaraken WUKU kedah dipun pendhet dayanipun kados dene wit Semangka, Wit Ringin, Wit Lombok, Duren. Sedaya migunani tumrapin manungsa kedah dipun uri2 ampun ditilaraken kasebat Nami kawruh SUPILA WIPULA. Semanten ugi tumrap sesami Gesang, Kedah matsinamatan
Selajengipun Sang Prabu Watu Gunung arsa muksa nitih kreta yasanipun Bathara Surya kadherekaken Brahmana Radi ( gurune bumi) nedahaken jati dhiri kang sayektosipun SURYA(Matahari)
Sang Prabu nyuwun wedal wanci ngepasi dinten kalahiranipun ingkang putra Raden GALUNGAN.
Amengku pamrih inggih nalika Srengenge tumumpang ing angkasa kasebat bumi sumunar tanpa wewayangan. Wonten ing Astronomi kasebab Srengenge ngepasi jejeg pener tetep wonten ing garis Katulistiwa, marambah2 saben 8 wolung tahun sepisan inggih ingkang kasebat WINDU.
.......................
Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun pangapunten
Sumber referensi :
Salam budaya RAHAYU RAHAYU RAHAYU
AULIA Panji Mulya 05-09-2021 Situbondo
Catetan :
Bab Naga Jatingaran tuwin Naga tahun kula dereng gadhah seratan saking Sekar Jinarwi Sukoharjo (Sri Harto Jati tuwin Eyang Sri Kuncara _sesepuh RSD sukoharjo).
salam raket prasaja
0 comments:
Post a Comment