PRAHARA DI PRINGGONDANI: 1) PERANG PAMUKSA
(Episode 6: Tremboko Gugur – Pandu Moksa)
Pada Episode 5 diceritakan bahwa Haryo Suman telah diangkat oleh Prabu Pandu sebagai patih Negara Hastinapura dengan gelar Raden Patih Haryo Sengkuni, menggantikan Gandamana. Jabatan itu diterima dengan senang hati meskipun dengan resiko wajah, tubuh dan suaranya bubrah, berubah total, tidak setampan, tidak segagah dan tidak selantang suara sebelumnya akibat korban pelampiasan kemarahan Gandamana atas fitnah kejinya. Gandamana sendiri diusir oleh Prabu Pandu, dan kembali ke negara asalnya Pancalaradya. Selanjutnya, Prabu Pandu bersama bala tentaranya mempersiapkan diri untuk ‘memberi pelajaran’ Negara Pringgondani. Apakah Pringgondani bertekuk lutut terhadap Hastina? Ikuti terus kisah di Episode 6 berikut ini.
#Negara_Pringgondani
Yaksa gora ri sêdhêng narèndra, yaksa lêlaku, kana walèng ingkang, gambira marangah, angisis siyung amêtu prabawa, lésus lir prakêmpa gora mawalikan, ditya durbalarsa, mrih curnaning lawan, wiratri rodra. (Lantang menggelegar suara raksasa bertemu sang raja, berjalan seorang diri, gembira mulut terbuka merangah bak goa, pamèr taring menghembuskan hawa panas, angin puyuh gempa besar, raksasa berniatan jahat, agar musnahlah musuh, kesaktiannya menakutkan.)
Prajurit kang saka Pringgondani, gêbyar-gêbyar kaya lintang panjêrina... Jumangkah anggro sêsumbar, lindhu gêtêr patêr, kang bumi gonjing, gumaludhug guntur kêtug, gora rèh gara-gara, kadya nglêbur bumi gunung manggut-manggut, umob jaladri prakêmpa, pênyuné kumambang wingwrin... (Melangkah sambil bersuara keras menantang, gempa diiringi guruh, bumipun berguncang, bergemuruh guntur kilat, keras suaranya seperti prahara, bumi seakan terbelah, gunung mengangguk-angguk, laut berguncang, airnya mendidih, penyu-penyu mengapung ketakutan...)
“Khrrrrrrrr..., ék-ék-héhéhé... wong kédhang kalaludrama aja dilagu, Arimbaa.... Arimbii...,” sapa Prabu Tremboko.
“Apa, romo?” jawab Arimba.
“Kula wontên pêngêndika ingkêng adhawuh...,” jawab Arimbi.
“Padhang pangulatanmu...”
“Pêrang wis rampung, romo...,” kata Arimba.
“Êndi kang tinêmu jaya?” Sang romo ingin penjelasan detil.
“Pancèna kabèh para putra-putramu sarêng ajurit nanging, gêmblênging tékad podho gawé luwêng, nindak’aké rèkadaya, katêmahan Gandamana kang pangamuk’é ora béda kaya gajah sèwu mau, kablicuk déning tingkah-lakuné para putra-putramu. Hanjlok saking antariksa, kêcêmplung luwêng ditablêg séla kang ora sêthithik cacahé,” jelas Arimba.
“Wèèèh, sukur... hêêêê, sêdina wis kèlangan andêl-andêl. Ning, kiraku ora mung mandhêk sêméné...,” belum rampung Prabu Tremboko berbicara, tiba-tiba dikagetkan oleh kedatangan tamu yang tak diundang... “Héi-héi..., byak-byak-byak-byak...!”
“Héi, Brajadhênta...”
“Inggih, wontên pêngêndika ingkêng adhawuh...”
“Mbiyak sagung para sumêla sajak’é ana apa, hêh?”
“Wontên paran muka sangking Negari Ngastina...”
“Kowé bénto, kok ora kok balèk’aké?”
“Mugi dados kawuningan pun romo, prapta ing Negari Pringgondani, naléndra Ngastina Prabu Pandu Dewanata.”
Dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri, sasadhara wus manjêr kawuryan, tan kuciwa mêmanisé, mênggyêp sri natèng dalu, siniwaka sanggya pradasih, aglar ning cakrawala... (Sunyi senyap suasana malam, rembulan memancarkan sinarnya di angkasa, keindahannya tidaklah mengecewakan, seperti layaknya raja di malam hari, dihadap dan dikelilingi para kawula abdi, terbentang di angkasa...)
‘Khrrrrrrr..., ék-ék-héhéhé..., bujlèng-bujlèng iblis laknat padha jêjégal. Héi, kabèh anak-anakku, hmh? Haribawana, Harimba, Harimbi, Brajadhenta, Brajamusti, Wikalpa, Lamatan, Brajakiswa..., lan kowé Kalabendana ..., bapakmu arêp pêrang kowé kabèh aja mèlu, sawangên waé saka kadohan. Yèn aku isih jêjêg-adêgé kowé aja nyêdhak, yèn aku wis njêpaprah mlumah ndhêpani lêmah, banjur aku boyongên, rukinên anut satataning panêmbah kang isih lumadya bêbrayan agung Negara Pringgondani.”
“Dhuh, romo..., badhé tindak pundi romoo...?” tanya Arimbi mengiba.
“Romoo..., badhé tindak pundi kula mbotên sagêt kantun, kula ndhèrèk’akên paduka, romo...?” Brajadhenta pun tak tega bapaknya mandhégani sendirian.
“Romo aku ndhèrèk, romo...,” Arimba pun berat melepas bapaknya sendirian.
“Aku ora kêpingin gunêman kaping pindho, kocap mung sêpisan. Dina iki kêplok’ono saka kadohan, kaya ngapa kridhané Prabu Pandu!”
Tan para dangu, lumêrêking mangsa kala. Wus adampyak-dampyak wadya gung saking Negari Pringgondani, ingkêng dèn pandhégani déning Prabu Kala Tremboko, dhatan narima’akên Pringgondani kinarya ajanging pêrang gêgêmpuran linurup wadya saking Negari Ngastina. Perang agêng Pamuksa dumadi satêmah bosah-basèh-amblasah okèh kuwandha ingkêng tanpa dusa pating glimpang. Sementara itu, seorang diri Prabu Tremboko menyongsong tantangan Prabu Pandu Dewanata.
Sigra kang bala tumingal, acampuh samya mêdali, lir thathit wilêting ganda, dhanghyang gung manguncang niti, bénjang sang aji mijil, lathinya mêdali wuwus, trustha sura wilaga...
“Khrarrrrrrrr..., ék-ék-héhéhé..., Prabu Pandu, ojo kagèt, hmh? Aku njarag mbaléla, ora kêpingin kok rèh, ora kêpingin kok jiajah. Umpamané kowé nêsu ora jênêng mokal wong ya tak cêngkah wêwênangmu, hmh?”
“Kala Tremboko, ing atasé sira ratu jêbul licik tênan nalarmu. Kasaguhanmu ora nyata jêbul sêsèdhok’anmu nyêmbah amung kok nggo srana nggonmu bakal nggêmpur Negara Ngastina.”
“Hahaha..., pancèn ya ngono aku hêh?! Aku mungsuh wadya cilik-cilik, ooo, ya ora ènèng gunané. Aku kêpêthuk kowé sênêng jaré. Hayo, padha bêbarêngan ungalké dhadha, Pandu opo Tremboko sing mati.”
“Jumênêng akasa sambato, aturanmu wong lanang tumungkula pêrtiwi sambato ibu, ayo, tak untabaké marang kahyanganing Sang Hyang Yomani.”
“Hayo, warêg...!!”
Maka, bertempurlah satu lawan satu Prabu Tremboko melawan Prabu Pandu. Lêbu lêtuk mawurahan, kalêtuk mangampak-ampak kaya kukusing sêndhawa. Snadyan namung kêkalih kang samya pancabakah, lampah bandayuda ngèling-èling nalendra gung binatara.
Secepat kilat Tremboko menyerang Pandu. Pandu berhasil menangkis serangan Tremboko. Tremboko terus mendesak Pandu, namun Pandu tangkas meladeni serangan Tremboko yang bertubi-tubi itu. Gênti-gênti hangêtok’aké prabawa, tan ana kang kalah datan ana kang mênang.
Untuk sementara, jurus-jurus Tremboko masih bisa dibaca oleh Pandu. Namun, lama-lama ada juga jurus-jurus aneh Tremboko yang dimuntahkan ke Pandu. Pandu meningkatkan kewaspadaan, mengingat tak pernah sekalipun dia mengajarkan jurus-jurus itu ke Tremboko sebelumnya. Akhirnya, Tremboko berhasil menembus pertahanan Pandu. Pandu jatuh tersungkur. Melihat posisi lawan yang tak menguntungkan itu, cepat-cepat Tremboko menginjak Pandu, namun injakannya menghunjam ke bumi hingga horêg, bumi retak! Pandu berhasil lolos dari injakan maut Tremboko. Tremboko kembali mendesak Pandu. Tak mau dibuat bulan-bulanan ‘muridnya’ itu, Pandu lantas memasang strategi menguras energi memompa emosi lawan. Bagai belalang yang menghindari sergapan katak, Pandu meloncat dari satu tempat ke tempat lainnya. Setiap bumi yang ‘dihinggapi’ Tremboko hancur berantakan, hingga Tremboko putus asa. Akhirnya, Tremboko mengeluarkan senjata pamungkasnya, hangunus curiga kyai Kalanadhah yang mengandung seribu racun tur bisa mengejar musuh ke manapun larinya. Belum sempurna keris itu keluar dari warangkanya, tiba-tiba...”Jrêbb!!” Sebusur panah menembus dada Tremboko.
Cêngkah-cinêngkah, dêdêr-dinêdêr, pusakaning Prabu Pandu tumama dhadhaning Prabu Tremboko, mbalédhag sigat mrapat mancur gêtihé! Dhawah gumlèthak ing pratala, gêra-gêra-gêrêng-gêrêng sêsambatan arumapung kaya grantang swarané. Jroning njêbabrah ndhêpani bantala Prabu Kala Tremboko, maksih nyêpêng pusaka Kalanadhah. Gambiraning pênggalih Prabu Pandu tanpa pêpindhan gya nyakêti hunjianing Prabu Kala Tremboko ing pangakah nyêdyangi hangidak byak dhadhané Prabu Tremboko. Datan wêruh sangkaning bilahi, ampyaning Prabu Pandu, kêcocok kyai Kalanadhah kang nyongat, dhawah plak kapidara dadi lolongan!!
#Pendopo_Istana_Hastinapura
Surêm surêm diwangkara kingkin, lir manguswa kang layon, dènnya ilang mêmanisé, wadananira layung, kumêl kucêm rahnya maratani, marang salaranipun, nêlês déning ludira kawangwang, gêgana bang sumirat.
Mendung menyelimuti Hastinapura. Seluruh rakyat, lebih-lebih penghuni istana, turut larut merasakan sakit yang diderita oleh Prabu Pandu Dewayana. Pepohonan, bunga-bunga yang menghiasi istana turut layu dan gugur sebelum masanya, seolah ikut merasakan penderitaan bendaranya. Burung-burung yang biasanya ceria enggan bernyanyi seperti biasanya. Prabu Pandu, berbaring lemah di dampar kencana istana, dikelilingi oleh para istri, para sanak-kadang dan kerabat dekat lainnya.
“Duh, sinuwun..., pun pintên dintên karaos sakit, tumuntên paring dhawuh, garwa paduka pun Kunti kêng tansah sumanjing, pun pintên dintên kêdah kula taman midurat miwah tatu mênapa ingkêng kêdah sagêt sinambah. Mênawi mapan mêkatên, garwa paduka Kunti sagah nglilak’akên sapérangan kêkulit kula, ujubing manah minangka pisungsung kunjuk sang kulaki minangka anênambal suwèk’ing kulit paduka, kanjêng sinuwun... Sinuwuun, kula ingkêng garwa pun Kunti,” sambil mengusap-usap kepala kêng garwa kinasih, menetes satu-satu êluh Kunti membasahi selimut Pandu.
“Héi, Panduu..., Pandu, êndi kang kêtaman gêgaman? Pandu... élinga garwa putra lan élinga garwamu si Madrim, ingkang wus ndarbèni sêpuh durung anglahiraké. Pandu, mbésuk lahiring jabang bayi aja dadi bocah lola. Pandu, aku kakangmu, Pandu...,” bergetar suara Destarastra.
“Yayi Prabu Pandu, kula ingkêng raka pun Gendari, ...uga ndhèrèk nyuwun dumatêng dewa mugi Paduka nirmala waluya têmanjati, yayi prabu...,” kata Gendari penuh duka.
“Romo prabuu, romo prabu..., kula ingkêng putra pun Puntadewa, ingkêng anyangga gêgêr paduka sangking wingking, romo prabuu...,” sang putra pembayun pun tak kuasa menahan tangis.
“Pandu bapakku, kowé mariyo... Aku Brataséna kang saguh bêbéla marang lêlakoné wong aduwapundi kang dadi pêpalanging urip bakal tak brastha,” sang panegak Pandawa itu tampak lebih tegar.
“Jagad dewa batara..., yayi kadangipun kakang Yamawidura...,” lirih suara Prabu Pandu menyapa Widura.
“Kula kaka Prabu wontên pêngêndika ingkêng adhawuh...”
“Yayi, kêris ingkang tumancêp ampèyanipun kakang iki tumuli lolosên, wènèhna marang ponak’anmu si Permadi, ing têmbé déwasané muga dadiya tamènging diri bêbèntèngé salira. Kêris iki pusakané Prabu Tremboko kang aran kyai Kalanadhah.”
“Koko Prabu, ngèstok’akên dhawuh, nanging paduka tumuntên sènêndhan koko prabu...”
“Iya, ora ana opo-opo.”
“Permadi...,” Yamawidura memanggil Permadi.
“Inggih paman, kula wontên pêngêndika ingkêng adhawuh...”
“Paring kang romo, kulup... Pusaka Pringgondani kyai Kalanadhah ingkang tumancêp ampyaning kêng romo wus tak lolos, iki tampanono, kulup...”
“Inggih paman, ngèstok’akên dhawuh.”
“Kakang Adipati Dastarastra...”
“Opo Pandu? Pandu, opo ora krasa salip gondhangé si adi wêkasan kudu diladèni pêngunjuk’an?”
“Inggih, mangké gampil. Kula badhé anggadhahi atur, mugi kakang Adipati kêparênga nampi atur kula.”
“Iya, Pandu, kowé arêp ngucap opo, hm?”
“Sintên tiyangipun mbotên kêpingin nirmala waluya têmanjati. Upaminipun..., upaminipun, anggèn kula ambudidaya têmah gagar-wigar tanpa karya, anêmpuh ujaring bêbasan kridhaning ati ora bisa mbêdhah kuthaning pasti, budidayaning manungsa ora wênang ngungkuli garising kawasa, kula kêdah tinimbalaning pangayunaning para dewa, kula nitipakên bondho kula ingkang awis piyambak, inggih mênika anak-anak kula. Snadyan ingkêng sampun lahir, mênapa déné ingkang dèrèng lahir, sarêng kula bilih mênika putra paduka piyambak, kakang Adipati.”
“Ooh, ya... Pandu, tak gugu kandhamu. Ora, Pandu, upamané ora ngono sak têmêné, anakmu ya anakku, kang nggulawênthah. Ya snadyan sak bisaku anut nganti sak déwasaning panêmu, tan ngrêngkuh ora béda kaya anak-anakku dhéwé.”
“Angka kalih, kula titip pusaka ganjaran sangking dewa, inggih mênika wujudipun wisah tala. Mbénjing, mênawi putra ponakan paduka, anak-anak kula sampun déwasa, kaparingna minangka pangantêb-antêb anggènipun lumadus ing bêbrayan, hanyangkul pakaryaning nêgari.”
“Ya-ya, Pandu..., kéné-kéné, tak tampanané Pandu. Muga-muga pun kakang tansah kèngêtan. Yamawidura...”
“Kula, kakang Adipati...”
“Yèn ana laliné pun kakang, si adi wajib mènèhi pangapura. Lha sak têrusé piyé, Pandu, hm?”
“Namung mênika...”
“Kosik to, éling-élingên..., sak têrusé piyé?” Destarastra tahu, ada sesuatu yang sangat penting tetapi belum tersampaikan dan dia berharap agar Pandu segera menyampaikan dengan jelas sesuatu itu.
“Namung mênika...,” tegas Pandu dengan mantab.
“Lha, Negara Ngêstina? ... hm? Negara Ngastina kang yêktiné sawutuhé dadi wêwênangé yayi Prabu Pandu Dewanata, mbésuk yèn dadi paripaksa kudu ditilaring madyapada, sopo kang kudu duwé wêwênang?” Destarastra minta ketegasan.
“Kula mbotên ngrêmbag mênika,” Pandu kukuh tak mau bicara soal itu.
“Snadyan mangkonoa pun kakang kêpingin ngrungok’aké kocapmu kang pungkasan. Pandu...,” Destarastra mendesak.
“Nggih, kamuktèn ingkang gumêlar Negara Ngastina namung kula pasrahakên paduka, kados pundi anggèn paduka nindak’akên satunggaling prakawis mêdal margining kawicaksanan.”
“Ya, yèn ngono muga jagad sak isiné nyêksènana, mbésuk, Negara Ngastina têtêp dadi duwek’ing anak Pandu, aku mung dêrma ngêmbani, ... Aku mung dêrma ngêmbani. Nanging mbésuk yèn to anak-anakmu wis déwasa, Negara Ngastina ndak pasrahakè. Aku wis trima mukti ing Gajahoya, lan kabèh ponak-ponak’anmu. Pandu..., oh Pandu mugi tumuli nirmala waluya têmanjati, Panduu...,” Destarastra, melalui mata batinnya, tak sanggup lagi menyaksikan adiknya, Pandu, yang semakin lemah dan bertambah lemah.
Udan tangis banjir prihatin, salêbêting pura yagung Negari Ngastina kapêrbawan. Sang naléndra gung Prabu Pandu Dewanata anandhang gêrak. Snadyan kunancêping kyai Kalanadhah unggi ampèyanipun sampun sêmbada kalolos parandéné, dèrèng sagêt nirmala waluya têmanjati. Katingal pumala wung wadanané bêbasan arsa wangkung arpa wauta bêlah méga mêndhung tumiyung. Bêlah méga mêndhung tumiyung. Ana pêpadhang kang sumêla hanênggih punika jawata pangrangkunan ing kahyangan Yomaniloka ing abêbisik Sang Hyang Yamadipati, hangéjawantah mêrpêk ing undyaning Prabu Pandu alampah kadéwatan mila sajuga manungsa tan ana kang padha nyumurupi. Saka mangkono pangandikané Sang Hyang Yamadipati lamun to kawijiling lisan:
“Ék-ék-héhéhé..., hong wilahèng awitnamastu namas sidang sêkarèng bawana langgêng. Panduu..., piyé janjimu Pandu, hm? Nalika kowé nyilih lêmbu Andhini munggah marang kahyangan, pancéna jawata ora ngupata nanging, gêmrègèl mêtuné pangucapmu adhêdhasar soroh supata. Pandu trima mukti ana madyapada, nanging loka baka kudu mapan ana têlênging naraka jahanam minangka panêbusé bojomu nggoné anêrak pêpali anjarag dêdusan, nyilih titiané Sang Hyang Jagad Girinata, lêmbu Andhini. Ayo, Pandu..., aja suwéla kowé, Pandu.”
“Pukulun, kula mênika sanès tiyang sudra. Awan tanpa wêngi, Pandu mênika satria, mbotên kêpingin anjabêl mêdaling kocap ingkêng sampun sinêksèn déning jagad sak isinipun nanging, pukuluun... paduka kaparênga saranta kula badhé tumuntên wangsul ing jêrahan nanging ngêntosi manéla anak kula ingkang kinandhut déning garwa kula Madrim lahir sangking gua garba.”
“Haaah..., tahunana, windunana, aku ora bakal nang kahyangan sak durungé nggawa nyawamu, Pandu...,” tegas Batara Yamadipati.
Têtêp nalika sêmana, kaya dhêdhêt swasana jroning pasarèhan, gêdhêr kawuning pêpêngkêran! Para pawongan sami tumandang, kèh para winya, ingkang sami anyakêt undyaning Dewi Madrim samêngko titi mangsa lak’ing ponang jabang bayi lahir sangking gua garba. Brol..., jabang bayi lahir kêmbar! Asifat priya, gléwo-gléwo wujudé kaya golèk kêncana. Gêthêr saliraning Dewi Madrim, ngalumpuk kaya kapuk kaya wis koncatan kêkiyatan, awit sangking kathah dénya kumat ludiranipun, saya payus guwayané, saya ngalintrih gêmrobyos kringêté, payus guwayané. Anyarêngi jabang bayi, Dewi Madrim séda kunduran!!
“Yamawidura, ramé-ramé ana mburi kaé apa?”
“Dhuh, kakang Adipati, kaparênga mirsani sawêtawis...”
“Kaka Prabuu...,” teriak Yamawidura.
“Opo, yayi...”
“Kakang mbok Madrim sampun babaran. Mijil kakung kêmbar. Mbotên séwa sarikma, ingkêng mênika, kaka Prabu, mugi andadosna kawuningan, miwah sampun andadosakên ing pênggalih, lahiring jabang bayi kêmbar, awit sangking kathah mêdaling ludira sangking gua garbanipun kakang mbok ratu Madrim, kakang mbok Madrim séda kunduran, kaka Prabuu...”
Wadananira layung, kumêl kucêm rahnya maratani...
“Gêndari...,” sapa Pandu.
“Kula wontên pêngendika ingkêng adhawuh, sinuwuun...,” jawab Gendari dengan suara bergetar.
“Kunti..., Kuntiii...,” Pandu memanggil lirih istri pertamanya.
“Kula wontên pêngêndika ingkêng adhawuh...,” jawab Kunti dêngan sêsênggukan.
“Yamawidura...”
“Kula aturi èngêt, kaka Prabuu...,” Yamawidura pun tak bisa menyembunyikan tangisnya.
“Jagad sak isiné podho nyêksènana, anakku kang lahir kêmbar, tak wènèhi têtêngêr raden Pingtèn lan Tangsèn.”
“Inggih, ngèstok’akên dhawuh.”
#Sekilas_tentang_Pingtèn_dan_Tangsèn
Pingtèn dan Tangsèn, atau ketika dewasanya bernama Nakula dan Sadewa ini adalah titisan Betara Aswan dan Betara Aswin atas perintah Betara Guru atau Sang Hyang Otipati ya Sang Hyang Jagad Girinata. Mengapa Betara Guru mengutus kedua dewa kembar itu, tidak lain adalah agar lembu Andhini yang dipinjam Pandu mau ditunggangi oleh Dewi Madrim dan Pandu mengingat dewa kembar itulah yang sehari-harinya merawat lembu Andhini. Betara Guru memastikan bahwa lembu Andhini tidak mau ditunggangi oleh siapapun kecuali dirinya. Oleh karena itu, karena kebaikannya, diutuslah Betara Aswan dan Betara Aswin untuk menitis ke Pingtèn dan Tangsèn agar lembu Andhini tidak berontak ketika dinaiki Dewi Madrim.
Kembali ke Istana Hastinapura...
“Sinuwun, kula aturi èngêt, sinuwun...,” kembali Yamawidura mengingatkan kakaknya, Pandu.
“Sinuwuun...,” sambil memegang tangan suaminya Kunti berusaha menahan kedukaannya.
“Kunti... Mung dêl sêméné si adi lêladi pun kakang. Sawangên antariksa, kang tanpa béda brata markata kaé... dewa pangrantunan, Sang Hyang Yamadipati, kang wus kêparêng mundhut pun kakang kudu bali ngloka baka sarimbit lan adimu si Madrim, têmah mangkéné sayêkti dudu sapa-sapa kang luput nanging, aku ingkang salah. Yayii..., Kuntii...”
“Éh, Pandu, ayo, aja swara, ....hêêh...,” tanpa berlama-lama lagi, Yamadipati membawa pergi nyawa dan raga Pandu.
“Ibuu..., romo wontên pundi, buu...?” teriak Puntadewa menyayat hati.
“Ibuu..., kanjêng romo mbotên kêtingal, wontên pundi, buu...?” sambil menangis Permadi pun bertanya pada ibunya, Kunti.
“Bapakku ora ana, nang êndi...?!” tanya Bratasena tegas.
“Anakku, nggèèr..., nganti mèh ora kolu pangandikaning ibu... Jagad ora bisa dipadoni manungsa ora wênang anglawan kodrat. Bapakmu séda kabanjuting dewa, simbar mayang sak ragané, kulup...,” deras air mata mijil sangking nétranipun Dewi Kunti.
“Njaluk pamit ibu, tak oyak’é déwané...,” Bratasena langsung ocat pergi mengejar Yamadipati.
#Di_Tengah_Perjalanan_Menuju_Yomaniloka
Sekuat tenaga Bratasena mengejar Betara Yamadipati yang jalannya bagai angin itu. Akhirnya Bratasena berhasil menghadangnya. Dan terjadilah perdebatan seperti di bawah ini:
“Nabrak, wani waé... Ana apa Bratasena?” tanya Betara Yamadipati.
“Dewa iku ngêrti tatanan opo ora?” Bratasena balik tanya.
“Êlllhoh, kêpriyé to...? Dewa ki tukang nggawé tatanan kok ora wêruh tatanan ki piyé, hmmh??”
“Yèn dewa ngêrti tatanan, lumrahé mêdayo ya nganggo kula nuwun apa ora?”
“Lhoh, lumrahé kudu ngono.”
“Yèn ngono kêna ngapa dewa têko tanpa kula nuwun?”
“Dewa luwih kuasa katimbang titahé...”
“Opo pantês panguwasa kaya ngono arêp mbok tindak’aké sawênang-wênang?”
“Ooo, iya... wah pintêr iki..., ya, nanging dewa snadyan luputa ora bakal gêlêm ngakoni kêluputané, tur kang mêngkéné iki aku nêtêpi wajib awit saka parintahé Sang Hyang Jagad Girinata kudu njabut nyawané Pandu. Ndak sêndhal mayang sak ragané.”
“Snadyan angêmbani wajib, anuhoni pêrintah, opo pêrintah lan wajib mau, kudu ditindak’aké sarana sawênang-wênang, opo kudu ditindak’aké mêtu saka dalaning kawicaksanan?”
“Hah, pancèna kawicaksanan.”
“Généya dewa kok ora nindak’aké kawicaksanan tanpa pétung, tanpa uda nêgara, tanpa unggah-ungguh?”
“Lhoh, dewa ki, hak... lah, hmm, ha-hêm, pancèn iya... Ning, ngéné ya, wah, gèk glagêpan aku lèh nyuwara..., aku tumindak kang tanpa uda nêgara mau ora kok njarag, mbubrah uda nêgara. Midana Pandu kang nakila sêmana wis supata, kranané mung kudu aku nglimpèk’aké kêluargané.”
“Pêrkara pidana, diwènèhaké marang manungsa kang luput ora jênêng mokal nanging, kêluputané manungsa mangkono sak têmêné uga bisa ditimbang. Gêdhéning pidana awêlaton abot-ènthènging dusa, akèh-sêthitik’ing pêrkara, opo ora jênêng mokal yèn dewa kudu bisa nimbang sawijining lêlakon. Upamané bapakku sing dusa, ing atasé dusa mung pêrkara nyilih lêmbu Andhini waé, pidanané nganti sêmono.”
“Dewa pancèn ora niat midana nanging kuwi karêpé bapakmu.”
“Opo dewané podho sênêng yèn ana titah hanggégé mangsa nggêlak wanci kêpingin mati kudu dituruti?”
“Pancèna ora nuruti ning watêsé mung kudu sêméné umuré Pandu.”
“Lêga-lila lahir-batin nanging, dewa yèn gawé pranatan ojo méncla-ménclé.”
“Sing ndi, hmmh!!” marah Yamadipati dituduh méncla-ménclé.
“Macan mati kudu ninggal lulang, gajah mati ninggal gadhing, opo sêbabé bapakku titah mati ilang sak ragané?”
“Lhoh, la kuwiii..., ya mati ning..., ora, m-m-m- ora, ora kaya wong liya-liyané...,” mendadak Yamadipati seperti Azis Gagap.
“Yèn ngono dewa sawênang-wênang, dewa ora adil. Lagi sêpisan iki ana manungsa kang nampa pidanané dewa, dipatèni sêndhal mayang sak ragané. Pêrkara anak’é Pandu kang rumangsa dianak-anak’aké. Yèn ta wong adu-adu wis têkaning pati aku ora wêruh dunungé, mbésuk kapan nggonku bakal misungsung kêbêcik’an. Krana anak-anak’é Pandu kang rumangsa kêkutangan budi luhur piwulangan déning bapakku, pisungsungé mung aku kudu manêmbah lahir-batin. Kudu nyêmbah opo yèn ora kètok gatrané yèn durung karuan papan dunungé.”
“Pandu wis dudu madyapada nggoné...”
“Nanging kang isih lumrah ditindak’aké déning para titah. Snadyan wis têkaning pati, ora jênêng mokal yèn sabên rikala mangsa kudu ditilik’i, disêbari sêkar. Yèn pêrlu disuwunaké marang panguwasané sing nggawé jagad, muga kalong dêdusané.”
“Panguwasané sing nggawé jagad, sing nggawé jagad iku dewa!”
“Dewa ora wênang nggawé jagad lan ora bisa nggawé jagad.”
“Kowé ngocap mêngkono sababé opo?!”
“Dewa iku isih kawêngku bondho jagad.”
“Umpamané opo?”
“Dewa isih mbutuhaké dayaning srêngéngé, rêmbulan sarta lintang, mêndhung, bumi, gêni, banyu, lan angin. Bondho wolung pêrkara ing jagad, sayêkti bisa mawèh uriping sagung dumadi yèn koncatan wolung pêrkara. Ora ngêmungaké para titah snadyan dewa uga ora bisa makarti.”
“Dewa bisa gawé gêni,” Yamadipati tak mau kalah.
“Nanging ora bisa gawé srêngéngé,” bantah Bratasena.
“Dewa bisa gawé banyu.”
“Ora bisa gawé sêgara.”
“Ooo..., iya... wèh, iiyyaa... Yah, nanging, sak dhuwur-dhuwuring Bratasena, isih dhuwur déwané!” Yamadipati menjadi rasis untuk memenangkan debat.
“Aku ora rumangsa dhuwur katimbang déwané. Mung aku njaluk jêjêging adil.”
“Umpamané aku mènèhaké Pandu, têgêsé aku adil?”
“Ya...”
“Ning aku kêplicuk ing pamilutanmu, wicanané amung marang aku kang kudu tak sandhang.”
“Kuwi dudu pêrkaraning Bratasena, mulai idhêp bapakku tak jaluk.”
“Wèh, dituruti tanpa gawé...!!” Yamadipati kehilangan kesabaran, lalu...
Berkelahilah keduanya.
#Di_Kahyangan_Jonggringsaloka
Arsa madhangi jagad, duk mungub-mungub anèng, anèng pucaking wukir, mêrbabak bang sumirat, kênèng soroting surya, mèga lan gunung-gunung. (Hendak menerangi jagad raya, seperti mata air yang menyembur ketika berada di puncak gunung, bersorot merah menyala, terkena cahaya matahari, awan dan gunung-gunung.)
Sambunging cariyos hanênggih kang ana ing kahyangan Jonggringsaloka, ya Jonggiré Kaélasa, Sang Hyang Jagad Girinata lênggah sinéba sagung para durandara. Sintên ta ingkang anggadahi lênggah kaparing miwah pun paran para ing kahyangan jawata Sidi Pangudal-udal, sing bêbisik Batara Narada, ya Batara Kanékaputra. Dèrèng ngantos kawiyos pangandikanipun Sang Hyang Jagad Girinata dhatêng kang Resi Kanékaputra, baruyah-baruyah sowanipun jawata Yomaniloka hanênggih Sang Hyang Yamadipati.
“Yamadipati...,” sapa Sang Hyang Jagad Girinata ya Sang Hyang Manikmaya, ya Batara Guru.
“Ya, wontên dhawuh, pukuluun...”
“Paran ing nguni, titah ulun utus ngêndhal mayang Prabu Pandu Dewanata...”
“Haaa, sak mangkin sampun kula dunungakên wontên têlênging kawah Candradimuka. Nanging wontên pamêngan sawêtawis, anak’é Pandu ingkêng nami Bratasena ngoyak ngantos dumugi kahyangan.”
“Sumingkira, mêngko ulun kang sêdya mangsuli...”
----
#Di_Kawasan_Kawah_Candradimuka
“Hoii..., hoiii... Bratasena lungguha...,” begitu sayup-sayup suara terdengar dari kejauhan.
“Ora lungguh, bapakku tak jaluk.”
“Bapakmu manungsa kang nandhang luput. Sak mêsthiné nandhang pidana,” suara itu bergema.
“Ana ngêndi papan dunungé?”
“Tak cêmplungaké kawah Candradimuka.”
“Aku êmoh kèri, mèlu bapakku...,” lalu Bratasena njêbur ke kawah Candradimuka.
“Mati... mati... mati kaé hèèh...,” suara itu masih terdengar dari kejauhan.
“Ya, ya... mati... horééé...,” bergemuruh suara menyoraki Bratasena yang sudah lenyap ditelan api.
“Sumusul kadang sêpuh kula kakang Bratasena...,” tiba-tiba saja Permadi sudah berada di dekat kawah Candradimuka juga dan ikut menceburkan diri ke kawah.
“Eéé... bêbéla bapakmu nyêmplung kawah...,” demikian terdengar suara tanpa diketahui siapa yang berbicara.
“Kula mbotên sagêt kintun, kakaang... paduka kula susul,” dan tiba-tiba pula terdengar suara perempuan yang ikut menyusul nyêmplung ke kawah Candradimuka.
“Hoii... Betari Supraba ènèng apa lan para widadari nyapo kuwi...?” heran Batara Narada menyaksikan peristiwa yang susul-menyusul itu.
“Para widadari mbotên nêrimak’akên, déné satria bagus sampun diêntosi pintên-pintên tahun sak mangké nyêmplung kawah. Kaliyan napa para widadari sampun bosên gêsang dhatêng kahyangan kêpingin nyêmplung kawah. Kula nyuwun pamit...,” demikian jawab perempuan itu yang oleh Batara Narada dipanggil sebagai Betari Supraba.
“Héi, héi, héi... kosik-kosik... Wééé..., lha, dadi dhudha kabèh mêngko dewa ki ya... Hêêê, karêpa dewa ki arêpa duwé panguwasa pangrèh jagad, yèn kabèh sêméné okèhé padha lanang kabèh ki dadi ngapa mêngko, hêh...?? Pukulun..., pukulun...,” teriak Batara Narada.
“Opo kakang...?”
“Kuwi lho widodari pênggak’ên..., bojo ênom kula mèlu nyêmplung kawah... pripun...?”
“Dos pundi kakang...?”
“Sampun, sak mangké... ora wurunga dewa mêsti mênang katimbang titahé, damêl rèkadaya Bratasena badhé kula oncatakên lajêng kula ombèni tuya pêrwitasari, bla-bla-bla.... pun ngatên mawon...,” Batara Narada ambil inisiatif.
“Monggo kakang...”
Dan dengan kekuatan kadewatannya, Batara Narada ‘ngêntas’ jasad Bratasena dan jasad Permadi dari kawah Candradimuka.
---
“Bratasena..., Permadi...,” Batara Narada menghidupkan kembali kedua putra Pandu itu dengan air pêrwitasari.
“Kula pukulun...,” jawab Permadi.
“Opo...?” jawab Bratasena.
“Nooh..., sawangên kono..., bapakmu wis ora ana nêraka mênèh. Ngantariksa katon padhang jalaran bapakmu wis munggah suwarga kang tanpa wangênan, ya...”
“Inggih, sagêt kula tingali sangking mriki...,” Permadi sambil menjulurkan kepalanya.
“Ya, tak sawang saka kéné...,” tajam mata Bratasena menyaksikan ramandanya dari kejauhan.
“Lha iki widadari sopo iki? Wis suk-suk’an, nyusul?” Batara Narada kaget karena tiba-tiba ada seorang bidadari mendekati dirinya.
“Kula pun kêmbar mayang...”
“Kok ijèn? Kêmbar kok ijèn?”
“Péngin têpang kaliyan satria mênika.”
“Kula dèrèng wani têpangan kaliyan wanita...,” jawab Permadi.
“Haaa, widodari kok ngusrêg waé... Minggira...!” Bratasena pun merasa risih.
“Nami kula kêmbar mayang, nggih raden... Griya kula angka sêkawan wêlas.”
“Hahahaha... wahahaha, iki suk-suk’an tênan, iki...,” Batara Narada tertawa terpingkal-pingkal menyaksikan kejadian itu.
“Bratasena, Permadi...,” sapa Batara Guru yang sedari tadi juga ikut menyaksikan kejadian itu.
“Opo...?”
“Kula, pukulun...?”
“Padhatan kabèh kang kita gayuh samêngko wong tuwamu, pukulun unggahaké kaswargan ingkang tanpa wangênan, titi tur ning gati samêngko wus amungkasi, kabèh tinêmu ing karaharjan ayo podho bêbarêngan asêsanti sura sudira jayané kang rat, suh brastha kêkaping ulat darmastuti. Bêcik kêtitik, ala kêtara, sapa kang ambibiti ala, ing kono wahyuné sirna. Kulup, podho bêbarêngan nyondhong kèratané.”
(Selesai)
Berlanjut ke Seri: PRAHARA DI PRINGGONDANI: 2) PRABU ARIMBA MENUNTUT BALAS
0 comments:
Post a Comment