Social Bar

Popunder

Sunday, March 9, 2025

SINEBUT SANTOSA MANAWA BEJA CILAKA TINAMPA KANTHI NARIMA (Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)

 SINEBUT SANTOSA MANAWA BEJA CILAKA TINAMPA KANTHI NARIMA

(Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati) 





Medal saking rata Jaladara Pamadyaning pandawa Risang Arjuna  lumampah ngrepepeh2 anyaketi ingkang raka Dwarawati tumuli amatur kawelas asih:


Arjuna : " Dhuh kaka prabu jejimat sesembahan kula,  mugi keparenga amurungaken dumadine Bhararatayuda jayabinangun. Kula raosaken boten prayogi menawi kedah nyirnakaken kadang kurawa kang tasih  kapernah  nak sanak kenyer2  sami2 trahing sang resi wiyasa.


Kadospundi anggen kula saged ngraosaken beja sasampunipun saged numpes kelor sedulur2 kula piyambak, menawi boten rumaos dosa nyirnakaken trahing leluhuripun sarta boten rumaos awon  mengsah mitra tuwin kadang sabab sedaya wau kabekta saking manah ingkang kaendih dening kamelikan.


Kaka prabu !!, langkung prayogi kula nyingkiri piawon kang mekaten punika jalaran  numpes sedulur tunggal trah punika pepeteng ingkang gegirisi inggih dosa-dosane dosa tan bisa oleh sado, jroning sastra binedhati mungel  Ya Mi-DOSA... SADO-Mi Ya.


Kresna :" Iya pancene mangkono yayi, tumrape bebrayan keluwarga munggahe marang bangsa lan negara, nanging bratayuda sing duwe gawe aku sri harimurti dudu pandawa kurawa .... bacutna kandhamu!"


Arjuna : "  Regejekan agengipun memengsahan sesamine sedulur saget ngringkihaken bebrayan agengipun bangsa tuwin negara, risaking bangsa  sabab angger2ing bangsa kang langgeng saking para leluhur sirna amarga padudon saksedulur agengipun sedulur bebrayan agung.


Samangsa negara kaereh tanpa angger kaprahe wus adharma , dhuh panjalmane Bathara Wisnu saestu badhe nuwuhaken bangsa camboran, lali marang bangsane pribadi sumungkem marang bangsa manca. Ingkang makaten temahan murugake neraka tumrape leluhur kang wus jinempana ing anging cinandhi ing ngawiyat.


Tumanduk dhumateng ingkang ngrisak utawi merangi  tuwin ingkang rinisak nyababaken para leluhuripun sami kacemplung ing naraka, karana boten nampa Sajen (sastra jendra) dedaharan miwah toya. Swargane leluhur menawi nyumurupi trah tumerah sami dhahar ngunjuk sesarengan.


Sarana dosa ingkang kados makaten wau, sinten ingkang nyuresaken trahing leluhur ing ambang kepunahan inggih ingkang jalari campuring bangsa camboran angrusak angger2e bangsa arsa dirubah nganggo angger2 manca kang beda dangkane. Ngengeti angger2e bangsa leluhur kita  inggih anggere trah kang langgeng mengku rasa kamanungsan abadi.


Dhuh kaka prabu Pangruwating manungsa, saking pamireng kula sinten ingkang angger2ing bangsa risak punika badhe manggen ing naraka salami-laminipun inggih naraka donya dumugi ing delahan. Tansah dados nggedibale bangsa sanes.


Piawon punapa ingkang badhe kula panggihaken, saking kepengin dhateng kamulyaning ratu, ngantos ngangkah mejahi sedulur......, ngelingi kamulyan sejatine dumunung wonten ing rasa boten ing bandha donya tuwin panguwasa.


Tuwin malih kula dereng nguningani pundi ingkang prayogi tumrap kula menang punapa kalah? sarehne memengsahan sami kadang piyambak , upami kula saged anyirnakaken sedulur2 kula kurawa  saestunipun kula ugi boten badhe kepingin gesang  paribasan ngethok driji landhesan dengkul."


Kresna : " Bacutna kandhamu he Arjuna....!"


Arjuna : "  Kula rumaos dosa dene bibrak watak kesatriyan kula, semang2  dhateng kuwajiban , awit boten mangertos punapa sarananipun ingkang amberat prihatos ingkang angrujit manah kula, sinaosa kula badhe nampi ganjaran angreh ing donya tanpa tandhing malah angratonana ing jawata pisan manawi pitukone kedah nuggel sirahe sedulur2 kalebu bapa guru paman tuwin eyang lan ponakan kepara kula mapa boten badhe saggah anglampahi."


Kresna : " Ha....ha.......toblas2 cekater....., Arjuna....Arjuna , mangertiya yayi Perang iku pamerangan merangake utawa nerangaken Bratayuda kang ada dadane manungsa dhewe2 kabeh kalebu saloka ringgit purwa,  dianggit miring ora cetha wela2."


Arjuna : " Sumangga paringa pepadhang dhateng jasad kula kang kawelas asih pukulunl"


Kresna : "  Hek...atmajaning kunthi  mungguh ing alaming kelahiran kang tansah teka lan lunga, pangrasa adem lan panas , bungah lan susah lan kang ora langgeng iku sandhangen. 


Hek Arjuna, kang wus sinebut santosa ora kengguh dening iku , iya kang wus nganggep beja lan cilaka iku padha wae iya aran NARIMA. iku kang prayoga tumrape wong kang ora bisa sirna.


Ana ing ora  tinemu saka ora ana, mangkono ora ana iya ora tinemu saja ana, wekasan iku kabeh bisa disumurupi dening manungsa kang bisa abadan batin."


...................


Wasana menawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.




Sumber referensi :

Salam budaya RAHAYU RAHAYU RAHAYU

AULIA Panji Mulya  05-03-2025 Situbondo

Salam kagem Eyang Triyono (waroeng pitu-pitu)  Jati kembaran  mulur Sukoharjo mugi tansah sehat manggiha sukarena.

Salam ugi kagem bp mulyono bedali kepuh skh trah kyai amat subari kejawen kiageng sela, mugi tansah sehat manggiha sukarena.

0 comments:

Post a Comment